Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah
Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu
undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas
tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat
saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih
katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan
menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal
lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha
Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga
saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi
biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit
kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha
solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan
malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan
atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
0 Response to "Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah"
Post a Comment