Makalah Bahasa Jawa MITONI

Makalah Bahasa Jawa  MITONI

Makalah Bahasa Jawa  MITONI






ATUR CECALA
Bismillahirrohmanirrohim,
Assalamu’ alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Puja puji syukur konjuk ing sahadhap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung,, dene sampun paring kekiyatan saha pitedah, satemah kula saged ngaturaken racikan sapala ingkang asesirah MITONI
Kula nglenggana sanes satunggaling tiyang ingkang wasis ing bab kawruh basal an sastra, ugi sanes tiyang ingkang pinter wicara. Parandene kumawani ngaturaken racikan punika, esthining manah hamung kadereng anggen kula kepengin urun, dhateng para kadang Siswa Pawiyatan  sageda pinangka ancer-ancer tuwin tetimbangan salebeting sinau ngenani mitoni
Ingkang kula aturaken ing racikan punika, inggih naming sagaduking pangertosan kula ingkang mila tasih cupet, tuwin adhedasar punapa ingkang sagede kula raosaken lan kula pethik..
Ing wasana sanadyan racikan punika tasih tebih saking leres lan trep parandene kula gadhah pangajab, mugi wonten guna paedahipun tumprap para maos, mliginipun para kadang siswa SMA N 1 Watumalang.

Wassalamu’ alaikum wr. Wb.


i                      
SARIPATHI
a.                  Sesanthi

“Akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe”

b.                  Pisungsung
Makalah punika dipun katuraken kagem  Bapak lan Ibu ingkan kula tresnani ingkang badhe sampun ngopeni kula,Sedhaya ingkang sampun nderek ndamel kelancaran nyusun makalah niki, lan SMA Negeri 1 WATUMALANG



ii
Dhaptar isi

Halaman Judul
Aturcecala.....................................................................
i
Sari pathi....................................................................... ii
Dhaptarisi..................................................................... iii
BAB I
A.      purwaka…………….................………………………......... 1
BAB II PIREMBAGAN
A.      Pangertosan Mitoni……...……......….…….…………...... 2
B.      Tata carane mitoni... .…..……….....………........…....... 3
C.      Tata carane siraman.................................................................. 4
Dhudutan.......……..……… …………………........................... 6
Penutup........................................................................ 7
  
iii
BAB I

A.       Purwaka
1.      Lelandesaning prakara
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi meteng lan pisanan kali.Upacara meteng iki tegese pendidikan ora mung minangka wong diwasa nanging wiwit wiji implanted garba ibu.
2.      Ancasing panyeratan
1.           Nerangake opoiku Mitoni
2.           Nerangake Tata carane mitoni
3.           Tata carane siraman
3.      Mupangating panyeratan
Menehi kaweruh dening bab Mitoni ing Tanah Jawi


BAB II
PEMBAHASAN
A. Pangertosan Mitoni

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Anca séka nggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manung saiku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncena cara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupti. Urut – urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampong ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut – urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampong ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman naming dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengi pun wulan 'purnama sidhi'.



B. Tata carane mitoni
Ma­sa­ra­kat Ja­wa tan­sah ora uwal sa­ka ta­ta­ca­ra adat tra­dhi­si. Apa ma­neh kang ge­ga­yut­an ka­ro sang ­kanpa­ra­n ing ma­nung­sa. Wiwit ma­nung­sa ana nje­ro kan­dhu­tan ngan­ti ma­nung­sa su­rut ing kasebanja­ti, tan­sah di­ iring kan­thi adat tra­dhi­si kang di­ge­lar ing wayah tar­tam­tu.De­ne ta­ta­ ca­ra lan upa­ca­ra tra­dhi­si kang di­ge­lar na­li­ka sa­wi­ji­ning wa­ni­ta la­gi ngan­dhut du­we pa­nga­jab su­pa­ya ibu lan anak utawa wiji dadi kang di­kan­dhut tan­sah wi­lu­jeng nir sam­bi­ka­la. Pa­nga­jab liya­ne, ba­yi kang di­lai­ra­ke mbe­su­ke bi­sa an­tuk ka­beg ­jan uri­pe.

Ma­ne­ka ta­ta­ca­ra di­la­ko­ni na­li­ka kan­dhu­tan wi­wit umur telung sasi ana wi­lu­je­ngan ut­awa se­la­me­tan ni­gang wu­la­ni, pe­tang sa­si, limang sa­si, enem sa­si, pi­tung sa­si kang di­se­but mi­to­ni, sar­ta sangang sa­si kang di­se­but pro­cot­an.
Mi­tu­rut Pra­se­tyo Adi Wis­nu Wi­bo­wo, dho­sen Sas­tra Dae­rah FSSR UNS So­lo, kang­go nja­ga su­pa­ya ja­bang ba­yi bi­sa sla­met na­li­ka ing kan­dhu­tan ngan­ti wan­ci­ne lair, wong Ja­wa nglek­sa­na­ka­ke ma­ne­ka war­na wi­lu­je­ngan. Ma­ne­ka upa­ca­ra tra­dhi­si lum­rah di­la­ko­ni jro­ning cak­ra mang­gi­ling­an uripe ma­nung­sa Ja­wa na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut wi­wit umur kan­dhu­tan se­sa­si ngan­ti sang­ang sa­si.

“De­ne na­li­ka umur kan­dhu­tan wus ngan­cik pi­tung sa­si, diadani upa­ca­ra sla­me­tan kang di­se­but mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban. Mi­to­ni iki di­la­ko­ni de­ning wong Ja­wa mli­gi­ne na­li­ka wa­ni­ta lagi ngan­dhut kang ka­pis­an ut­awa mbo­bot tem­be­an,” ing andharanejro­n ing sa­wi­ji­ ning pi­rem­bu­gan ing FSSR, sawetara wektu ka­pung­kur.








Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa wi­lu­je­ngan pi­tung wu­lan­an iki lumrahe ngang­go uba­ram­pe kang di­se­dhi­ya­ni de­ning ku­la­ warga wanita kang nem­be ngan­dhut. Uba­ram­pe sla­me­tan nglim­pu­ti se­kul jangan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro - ba­ro, ja­jan pa­sar lan sriyatan kang gi­na­we sa­ka wi­jen, dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis. Sa­li­ya­ne iku uga ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tumpeng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh, kru­puk. Ubarampe li­ya­ne awu­jud ja­ngan­an men­tah ka­ya­ta lom­bok, te­rong, janganan lan sa­we­ta­ra ji­nis kem­bang - kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an digawe ca­cah pi­tu di­jang­ ke­pipi­tungiji apem con­thong.

Jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni iku uga ana ta­ta­ca­ra gan­tos penganggen ngan­tos ka­ping pi­tu kang sa­ba n­ju­re di­se­but ting­ke­ban. Nut Serat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­ sas­tra, upa­ca­ra ting­ke­ban iki dileksa­na­ka­ke na­li­ka tang­gal gan­jil tan­pa ngli­wa­ti pur­na­ma (saduru­nge tang­gal 15, upam­ane tang­gal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban di­ada­ni ja­lar­an nu­rut kaprecayane wong Ja­wa, ba­yi ing kan­dhu­tan na­li­ka umur pitung wu­lan wis di­pa­ringi nya­wa de­ning Pa­nge­ran. De­ne ri­tu­al bakujroning upa­ca­ra mi­to­n iya ­ku­wi si­ram­an lan gan­tibu­sa­na nganti ka­ping pi­tu,”
C. Tata carane siraman
Ta­ta car­ane si­ram­an, ing pa­pan kang wis di­tem­to­ka­ke di­ce­pa­ka­ke jem­bang­an wa­dhah ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an. Ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an ku­wi di­ang­go si­ram­an wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut.
Upa­ca­ra si­ram­an dhe­we di­lek­sa­na­ka­ke wan­ci jam 11.00 WIB amarga di­pra­ca­ya pa­ra hap­sa­ri uga tu­mu­run sa­ka ka­ya ng­ansa prelu arep adus. De­ne kang mim­pin si­ram­an ya­ku­wi dhu­kun, de­ne kang nyi­ram wa­ni­ta kang ngan­dhut yai­ku pa­ra pi­ni­ se­puh putri kang ca­ca­he pi­tu ut­awa sang­ang wong. Cid­huk ba­nyu kang di­ang­go ku­du sa­ka ba­thok ut­awa si­wur.



Pa­pan kang­go lung­gu­he wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku aru­pa dhing­klik ci­lik kang di­lam­bari god­hong apa-apa, sa­li­ya­ne itu uga god­hong klu­wih, ka­ra, ma­ja, dha­dhap se­rep, alang-alang, kla­sa men­dhong, dhing­klik uga di­lam­bari ka­in war­na-war­na, con­to­ne sin­dur, ja­rit kan­thi mo­tif yu­yu se­kan­dhang.
Pa­dus­an ka­ro­ bongo t­awa di­tu­tup ngang­go ka­in ja­rit mo­tif rang – rangan ut­awa cin­dhe. Pa­dus­an iki ana ing la­tar si­sih ki­wa ut­awa tengen omah kan­thi la­wang nga­dhep nget­an. Kro­bong di­ri­as ngang­go tu­wuh­an jang­kep aru­pa pi­sang, te­bulan ceng­kir ga­dhing.
Ing Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­gi t­ane Ki Pad­ma­su­ sas­tra ka­se­bu­ta­ke, rampung si­ram­an ban­jur gan­ti ka­in pa­sat­an lan di­ube­di letrek utawa ka­in ja­rit kang log­ro sar­ta di­ang­go­ni sa­buk sa­ka god­hong te­bu tulak. Sa­ka nje­ro let­rek ku­wi pi­ni­se­puh ngle­bok­a­ke tropong ing nje­ro ja­rit lan nyeb­lok­ake. Sa­ba n­ju­re sa­buk mau di­po­tong nganggo ke­ris. Sa­wu­ seped­hot, bo­jo­ne wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku daikon lunga tan­pa pa­mit. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi ibu Mara­tu­wa mbanting en­dhog pi­tik men­tah lan ba­pa­ke me­cah ceng­kir ga­dhing kang wus di­gam­bari Ka­ma­ja­ya - Ka­ma­ra­tih, Ja­na­ka-Su­ba­dra, ut­awa Panjilan Can­dra Ki­ra­na, ban­jur di­si­ garda­di lo­ro. Na­li­ka me­cah ceng­kir direwa­ngi ba­pak kan­dhu­nge wa­ni­ta kang la­gin gan­dhut ku­wi.
Wa­ni­ta kang ngan­dhut ban­jur di­iring mle­bu omah lan ngadeging nga­rep pe­ta­nen. Ing pa­pan ku­wi wus di­ce­pa­ka­ke sin­jang lan kemben ca­cah pi­tu. Sa­te­ru­se pa­ra pi­ni­ se­puh ngang­go­ka­ke jarit iku mba­ka si­ji. Ram­pung ngang­go si­ji ban­jur di­ucu­li, ban­jur dianggokake ma­neh li­ya­ne. Ngo­no te­rus ngan­ti ka­ping enem lan pa­ra pi­ni­se­puh mes­thi ngo­mong du­rung pa­tut. Kang pung­kas­an, pa­ra pi­ni­ se­puh ngang­go­ ka­ke ja­rik trun­tum kem­ben mo­tif ba­ngo­ tu­lak. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi, pa­ra pi­ni­ se­puh pa­dha ngo­mong wis pa­tut.







DHUDHUTAN
Tradisional Jawa tradisi pitung sasi ( tingkeban / mitoni ) yaiku bagean saka karakter Jawa sing wis teges filsafat ing urip. Tradisi kombinasi apik Hindu Wedjangan , malah Jawa Islam minangka agama professed dening mayoritas Jawa Sidomulyo desa. Nanging, minangka asil saka penulis sinau, tradisi iki selaras karo nilai sing mulang ing agama Islam, kang panjalukan Allah. supaya tumindak safety lan begja liwat sakti ( penjernihan proses ) saka macem-macem rereget lan reregetan dosa sing wis rampung.





PANUTUP
Mekaten makalah ingkang kawula damel , mugi-mugi saget maringi manfaat dening para pemaos, kirang langkunge kawula ngaturaken agunging pangapunten



                                                            Watumalang, 18 Februari 2017
                                                                                   
                                                                                                           

Muttafiq
                                                                       









0 Response to "Makalah Bahasa Jawa MITONI"

Post a Comment

Powered by Blogger.